cerita lucu anak jawa terbaru gokil abis

Cerita Pendek Lucu Bahasa Jawa: Bakso Bangjo lan Kucing Klawu

Suwijining dina Mbak Koki, yaiku koki sing nduwe warung Bakso Bangjo weruh Kucing Klawu lagi mlaku-mlaku ning ngarep warung baksone. Jalaran si Kucing Klawu kethoke kaliren, kurang mangan, banjur Mbak Koki inisiatif ngenehi mangan. Dheweke ujuk-ujuk mlayu ning tengah ndalan, nyegat lakune kucing klawu.
gambar lucu terbaru


foto lucu terbaru



ramalan shio terbaru
“Stop, stop Cing. Mrene-mrene, mampira disik, tak wenehi bakso urat”

Kucing klawu mung meong-meong karo gumun. Kok ana uwong nyegat lakune kur arep ngewenehi pangan. Apa sajak aku kethok kurang pangan ya? Padahal sejatine Kucing Klawu lagi diet.

Jare kanca-kancane awake mulai kelemon. Dadi ya wis wayahe diet. Tur Kucing Klawu ya ngrasakake menawa awake rada angel diajak mlayu. Boro-boro ngoyak tikus, kon ngoyak menthog sing mlakune rindik tur megal-megol we dheweke wis ngos-ngosan marga kabotan awak.
Cerita Pendek Lucu Bahasa Jawa: Bakso Bangjo lan Kucing Klawu
Kucing Klawu mikir-mikir nek arep nolak tawaran bakso urat. Menawa ditolak, gek-gek dheweke dikiro sombong. Umuk, ora gelem mangan panganan sing diwenehke dening uwong. Ya uwislah ora papa, aku tak leren diet sedina wae. Mangan daging bakso sithik rak ya ora papa.

Kucing Klawu terus lingguh karo ngetamul mangan bakso. “Wah jebul rasane ya enak tenan je. Bakso urat iki mesthi sing gawe ya bakat koki. Amarga rasane maknyus banget. Wah, aku pengen mangan meneh ki. Piye ya carane ya?” pikire Kucing Klawu.

Kucing klawu marani keset, terus dicokot-cokot karo diemut pojoke. Karepe dheweke pengen ngethokake menawa isih ngeleh. Nanging Mbak Koki ora ngerti karepe si kucing. Dikirane si kucing lagi sikatan bar mangan.

“Wah nek arep sikatan aja nganggo keset. Iki tak wenehi kain resik dianggo sikatan” Mbak Koki ngulungke kain lap resik marang kucing klawu.

Kucing klawu kaget. Loh aku kok malah diwenehi lap tho. Wong pengene mangan bakso je, kok malah diakon sikatan. Wah nek ngono aku arep nyoba cara liyane.

Kucing klawu trus nyedhaki suketan ning ngarep Bakso Bangjo. Dheweke mangani suket, tujuane ben Mbak Koki ngerti menawa dheweke isih ngeleh. Dicokoti suket trus dipangan, sebagian dilepeh meneh ben kethok nek dheweke mangani suket.

Mbak Koki kaget. Lho kucinge kok malah mangani suket. Wah iki mesti dheweke pengen sehat terus mangan sayur-sayuran. Wah kucing kang sadar kesehatan ki. Mbak Koki seneng, terus njukuk slada arep diwenehke kucing klawu.
cerita lucu anak jawa terbaru gokil abis
“Iki loh tak wenehi slada. Nek pengen lalapan ojo mangan suket, mangan slada wae”

Kucing Klawu tambah kaget. Wah aku kudu mangan slada ki. Kepeksa dheweke kremus-kremus mangan slada arepa ora seneng. Wah piye ya ben dheweke ngerti nek aku pengen mangan bakso meneh?

Ndilalahe Kucing Klawu weruh pembantu Bakso Bangjo lagi ngangkat balungan saka njero kuah bakso, arep dibuang. Wah iki! Nek aku ndilati balungan mesti sing duwe bakso ngerti menawa aku isih ngeleh.

Kucing klawu terus ndilati balung bakso sing didelehake ning nduwur godong gedhang. “Wah rasane gurih, enak banget” batine kucing klawu. Dheweke ndilati karo muni meong-meong ben Mbak Koki weruh nek dheweke isih ngelih.

Nanging Mbak Koki sing weruh Kucing Klawu ndilati balung malah kaget.
“Wooo la, koweki ngelak tho kok ndilati kuah bakso. Iki loh tak wenehi susu murni” ujare Mbak Koki karo ngecurke susu ning gelas plastik ben diombe kucing klawu.

Kucing klawu mak jegagik, kaget! Kok malah diwenehi susu?. Dikirane dheweke ngelak terus ndilati kuah bakso sing tememplek ning balung pa?. Wah aku dadi bingung ki. Wis pirang-pirang cara tak lakoni, sing duwe bakso durung ngerti nek aku isih ngelih.

Dumadakan kucing klawu weruh Zea Maysa nangis. Cah cilik sing mbiyen tau ngenehi mangan marang dheweke iku lagi digendong Ibune sing lagi dolan ning Bakso Bangjo. Ibune tanggap terus ngenehi mangan marang Zea Maysa ben tangise meneng.


“Woo lakok gampang carane. Rasah reka-reka, garek nangis wae, Ibune wis langsung ngerti nek pengen mangan” ujare Kucing Klawu.

“Nek ngono aku tak meong-meong wae ben sing nduwe bakso ngerti nek aku isih ngelih”

Kucing klawu banjur meong-meong karo nyundul-nyundul sikile Mbak Koki. Mesthi wae Mbak Koki kaget, ning terus ngguyu.

“Woo, kowe ki isih ngeleh tho! Iki tak wenehi bakso urat maneh”

Kucing klawu seneng banget diwenehi bakso urat enak banget. Dheweke terus lingguh ngetamul mangan bakso urat (undil, 01 maret 2009)
cerita lucu anak jawa terbaru gokil abis

Cerita Pendek Lucu Bahasa Jawa: Bakso Bangjo lan Kucing Klawu


cerita lucu anak jawa terbaru gokil abis Rating: 4.5 Diposkan Oleh: Unknown

0 komentar:

Posting Komentar

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.